1. Bathara Brahma nurunake raja-raja ing
arcapada
Bathara Brahma utawa
Sanghyang Brahma iku putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer loro. Bhatara
Brahma lair saka prameswari Dewi Umayi.
Bathara Brahma uga sinebut Bathara
Brama. Dene tembung brahma iku ateges geni, panas, pandhita lan saka sabranging
samodra.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi
Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Brahma duwe sisihan telu, yaiku Dewi
Suci, Dewi Sarasyati lan Dewi Rarasyati utawa Dewi Raraswati.
Saka Dewi Suci, Sanghyang Brahma
peputra loro, yaiku Bathara Maricibrama lan Bathara Naradabrama. Saka Dewi
Sarasyati peputra cacah lima, yaiku Bathara Bramanasa, Bathara Bramasadewa,
Bathara Bramanasadara, Bathara Bramarakanda lan Bathara Bramanaresi.
Lan saka Dewi Rarasyati, Bathara
Brahma peputra cacah patbelas, yaiku Dewi Bramani, Dewi Bramanisri, Bathara
Bramaniskala, Bathara Bramanayara, Dewi Bramanasita, Dewi Bramaniyari, Dewi
Bramaniyodi, Bathara Bramanayana, Bathara Bramaniyata, Bathara Bramanasatama,
Dewi Bramanayekti, Dewi Bramaniyuta, Dewi Dresanala lan Dewi Dresawati.
Kanthi mangkono, saka sisihan cacah
telu iku Bathara Brahma peputra cacah selikur, patbelas lanang lan pitu wadon.
Bathara Brahma iku dewaning geni. Yen katemben triwikrama, Bathara Brahma bisa
ngatonake perbawa geni.
Bathara Brahma kerep diutus supaya
paring bebana marang sapa wae kang nuduhake lan ngatonake labuh labet ing urip
lan panguripane.
Saka putrane kang aran Bathara
Brahmanaraja kang palakrama kalawan Dewi Srihuna, putrane putri Dewi Wisnu,
nurunake raja-raja ing Arcapada, antarane nurunake Pariknan nganti tekan para
Pandhawa.
Putrane putri Bathara Brahma kang aran
Dewi Bramanisri kang dipasrahake marang Garuda Brihawan, putrane Dewi Winata,
sabanjure nurunake Bribrahma.
Bribrahma nurunake Resi Winata. Resi
Winata nurunake Kiswabriswa lan Kiswabriswa nurunake Briswawa. Briswawa peputra
cacah papat kang kabeh awujud manuk garudha, yaiku Garudha Harna, Garudha
Briawan, Garudha Sampati lan Garudha Jatayu.
Dewi Brahmaniyuta utawa Bramaniyuta
palakrama kalawan Srinanda, putrane Sanghyang Wisnu. Srinanda banjur jumeneng
nata ing nagara Wirata lan jejuluk Prabu Basurata. Kanthi mangkono, Dewi
Brahmaniyuta iku kang nurunake raja-raja ing nagara Wirata.Manggalayuda Putrane
putri Sanghyang Brahma kang aran Dewi Dresanala palakrama kalawan Arjuna,
putrane Pandhu, lan nurunake Bambang Wisanggeni. Saka kanyatan iki cetha yen
Bathara Brahma mujudake dewa kang anak turune nyebar ing Arcapada, wiwit nagara
Lokapala, Maespati, Alengka, Wirata lan Astina.
Dene Dewi Bramani utawa Dewi Bremani
kang dipasrahake marang Prabu Banjaranjali, raja ing Alengka, sabanjure
nurunake para raseksa nganti tekan Rahwana utawa Prabu Dasamuka.
Amarga putrane Bathara Brahma akeh
cacahe, wusanane dumadi sesambungan antarane siji lan sijine saengga saprotelon
wayang tansah ana gandheng cenenge kalawan anak turune Sanghyang Brahma.
Bathara Brahma uga antuk hak dipuja
dening manungsa kang nganut agama Hindu Brahma. Nalika diprentahake mudhun ing
Arcapada utawa ngejawantah, Bathara Brahma jejuluk Maharaja Sunda utawa
Rajapati kang ngedhaton ing nagara Medhanggili.
Bathara Brahma dibiyantu patih aran
Resi Dyasta lan Resi Kulamba utawa Resi Kusyamba. Kalorone putrane Bathara
Citragotra.
Watake Bathara Brahma iku sawijining
manggalayuda perang kang pinunjul. Amarga iku dheweke antuk kalungguhan
minangka senapati prajurit Suralaya utawa Kadewatan. Dene wandane Bathara
Brahma yaiku Kontap.
Ing lakon Kangsa Lena, Bathara Brahma
paring kanugrahan pusaka awujud tombak geni aran Nenggala lan Alugara marang
Raden Kakrasana utawa Prabu Baladewa.
Peparing
kanugrahan pusaka kasebut amarga Kakrasana wus nuduhake labuh labet marang para
dewa saengga sinebut Baladewa. Labuh
labete Kakrasana marang para dewa iku nalika kedadeyan raja raseksa saka
Renggabumi, kang aran Prabu Nagaprasanta, ngrabasa kayangan.
1.
Bathara Ghana, dewane ngelmu
kang ngreksa panti pustaka kayangan
Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane
Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika
Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah
dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang
asmara.
Bathara Guru banjur bali menyang
kayangane. Sanghyang Manikmaya mbangun tapa amarga prihatin mikirake Suralaya
kang ana ing bebaya amarga dirabasa dening raja raseksa jejuluk Prabu
Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Sedyane Nilarudraka kepengin nglamar
widadari Suralaya, Dewi Gagarmayang.
Sejatine wus akeh dewa lan pehak liya
kang aweh pepeling lan pituduh marang Nilarudraka, ananging dheweke tetep ora
gelem murungake sedyane nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke terus ngrabasa, ngrusak
lan gawe dredah ing Suralaya nganti pepenginane bisa kasembadan.
Sanghyang Manikmaya banjur mbangun
tapa supaya bisa peputra maneh, putra kang nimpuna babagan aweh wewulang.
Nalika ngrabasa Suralaya, Prabu Nilarudraka ngepyakake kabeh wadya balane kang
numpak gajah.
Kanggo nandhingi, Bathara Guru
mrentahake para senapati perang kadewatan supaya mbangun kekuwatan kanthi
wadyabala kang uga numpak gajah. Sawise kabeh sumadya, Bathara Guru sedya
nitipriksa barisane wadyabala Suralaya kang numpak gajah sing ditindhihi dening
Bathara Indra lan Dewi Uma.
Bathara Indra nyaket marang Bathara
Guru lan prameswarine kanthi numpak gajah Erawana. Bathara Indra siyaga nampa
dhawuh pungkasan saka Sanghyang Manikmaya. Erawana iku gajah kang beda dhewe
wujud lan rupane, sarta duwe perbawa kang nggegirisi lan medeni tumrap sapa wae
kang mindeng.
Dewi Uma dhewe sawise weruh wujude
gajah Erawana dadi keweden lan mlayu lumebu ing Panariwawarna. Nalika iku Dewi
Uma nembe ngandhut jabang bayi. Dayane rasa kaweden iku kawujud nalika
nglairake jabang bayi. Jabang bayi kang lair saka guwa garbane pranyata bayi
kang praupane awujud gajah. Bayi kasebut banjur dijenengi Ganesa.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi
Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Ganesa sabanjure digawa menyang glanggang
paprangan lan diadhepake marang Prabu Nilarudraka.
Pranyata Ganesa kasil merjaya lan
nyirnakake raja Glugutinatar kasebut. Ewadene wadyabalane bisa ditumpes dening
barisan prajurit kadewatan numpak gajah kang ditindhihi dening Bathara Indra
minangka senapati perang.
Crita mangkono iku diandharake ing
Purwacarita kang njupuk saka Serat Smaradahana anggitane Empu Dharmaja. Sajrone
uripe, Bathara Ganesa duwe jejibahan aweh wewulang sakehing ngelmu marang umat
Tribuwana.
Pawadan iku, Bathara Ganesha pinundhi-pundhi
minangka pralambang sumber sakabehing ngelmu. Bathara Ganesa mujudake dewane
ngelmu. Sawise kasil numpes Prabu Nilarudraka, negara Glugutinatar diparingake
marang Bathara Ghana.
Sawijining dina Bathara Ghana mbangun
tapa kang salah siji panjaluke supaya dheweke diruwat murih praupane dadi
bagus. Upayane Bathara Ghana kasil sawise dheweke bisa nyirnakake mungsuhe dewa
yaiku raja raseksa Gilingaya, Prabu Kala Iramba.
Saka titahe Bathara Guru, Bathara
Ghana malih dadi dewa kang bagus praupane lan banjur diparingi asma Bathara
Mahadewa. Dheweke antuk kuwajiban njaga panti pustaka kayangan. Lan amarga
kapinterane, Bathara Mahadewa sinengkakake minangka dewane ngelmu. Sedulure
Bathara Ghana kang lair tunggal ibu yaiku Bathara Cakra lan Bathara Asmara.
2.
Bathara Bayu duwe siswa pitu
ing arcapada
Bathara
Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya
utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang nomer papat.
Tembung pawana ateges angin, dene
tembung bayu ateges kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan
Panglawung. Sisihane asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.
Bathara Bayu lan Dewi Sumi miturut
andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, peputra
Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Prabu
Drupada raja nagara Pancala lan Resi Drona turun temurun mujudake keturunane
Sanghyang Bayu.
Saliyane putra cacah papat asil
palakrama kalawan Dewi Sumi, Bathara Bayu uga duwe siswa cacah pitu kang wus
dianggep kaya putrane dhewe. Siswa pitu iku kondhang sinebut Bayu Pitu.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai
Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Hargana SW lan Muh
Pamungkas Prasetyo Bayu Aji, weton Cendrawasih, siswane Bathara Bayu kang cacah
pitu iku yaiku Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra, raseksa Bismuka,
Gunung Maenaka lan Garuda Kagapati.
Naga Kanetra njilma marang Arya Bima
utawa Werkudara, raseksa Bismuka njilma marang Ditya Jajagwreka lan Garuda
Kagapati njilma marang Anoman.
Ing jagad pedhalangan kang kondhang
mung Bayu Lima, yaiku Bayu Kinara (Anoman), Bayu Anras (Ditya Jajagwreka), Bayu
Kanetra (Gajah Setubanda), Bayu Langgeng (Gunung Maenaka) lan Bayu Mangkurat
(Arya Werkudara).
Bathara Bayu nate tumurun ing arcapada
utawa bumi lan dadi raja ing nagara Medhanggora, jejuluk Sri Maharaja Bhoma.
Nalika ngejawantah sepisanan nuhoni prentahe Bathara Nihoya, Sanghyang Bayu
sinebut Arya Suksena. Sawise nglenggahi dampar keprabon ing krajan Medhanggora
jejuluk Maharaja Bhoma, dene patihe asma Arya Bhana.
Bathara Bayu uga nate antuk jejibahan
paring bebana marang Raden Bratasena utawa Werkudara lan Raden Anoman. Nalika
iku Werkudara lan Anoman nembe lair utawa ngadhepi lair ing alam donya.
Nalika iku, Dewi Anjani (ibune Anoman)
nembe tapa kungkum utawa tapa matirta ing sanjerone tlaga Madirda. Wektu tapane
Dewi Anjani mbarengi plesirane Bathara Guru kang nitih lembu Andhini.
Nalika tumeka ing sandhuwure tlaga
Madirda, Bathara Guru weruh pupune Dewi Anjani, Wusanane tuwuh greget birahine
Bathara Guru kang ndadekake tibane kamane Bathara Guru ing sandhuwure godhong
kamal utawa godhong asem.
Godhong asem kang ketiban kamane
Bathara Guru iku keli lan dijupuk dening Dewi Anjani kang tapa matirta ing
tlaga iku. Dening Dewi Anjani, godhong asem iku dipangan nganti entek.
Kedadeyan iku ndadekake Dewi Anjani
nggarbini. Resi Gotama kang dumunung ing pertapan Grestina kaget banget weruh
kahanane Dewi Anjani kang dumadakan ngandhut jabang bayi iku, kamangka durung
tau sesambungan kalawan priya ngendi wae.
Resi Gotama kang bingung banget iku
wusanane ditemoni dening Sanghyang Bayu lan njlentrehake larah-larahe sang Dewi
Anjani dumadakan ngandhut jabang bayi. Bathara Bayu ngucap janji bakal
nggulawentah putrane Anjani yen wus lair lan bakal paring busana kadewatan
marang bayi putrane Anjani iku.
Sawise Dewi Anjani nglairake bayi kang
awujud wanara putih, bayi iku banjur digendhong lan digulawentah dening
Sanghyang Bayu. Bayi iku banjur diparingi jeneng Maruti, tegese putra siswane
Bayu. Dene Bathara Guru paring jeneng Anoman.
Dene mula bukane Bima putrane Kunthi
dadi putra siswane Hyang Bayu kawiwitan nalika Dewi Kunthi, prameswarine Prabu
Pandudewanata nglairake bayi bungkus kang sabanjure diguwang ing alas
Mandalasara.
Sanghyang Bayu banjur ngirimake busana
bayi ing sanjerone bungkus kang arupa pupuk mas rineka jaroting asem, sumping
pudhak sinumpet, anting panunggul warih, sangsangan naga banda, kelat bahu
balibar manggis, gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu, paningset
cinde bara binelah lan porong dapur nagaraja.
Tekan titiwancine bayi Bratasena metu
saka bungkuse lumantar polahe gajah aran Dwipangga Sena. Gajah saka alas iku
mecah bungkuse bayi lan Raden Bratasena metu ing wujud dewasa. Putrane Pandhu
iku banjur diangkat dadi putra siswane Sanghyang Bayu.
Nalika Bima antuk jejibahan ngupadi
kayu gung susuhing angin amarga panjaluke Resi Durna, dheweke munggah tekan
pucuking gunung Reksamuka lan ketemu kalawan raseksa kembar aran Rukmuka lan
Rukmakala.
Raseksa loro iku sejatine Sanghyang
Indra lan Sanghyang Bayu kang arep paring benara ali-ali Druendra marang Arya
Bima, mesthi wae kanthi sarana paprangan luwih dhisik. Kedadeyan paringang
ali-ali Druendra iki dicritakake ing lakon Bratasena Meguru utawa lakon Dewa
Ruci riptane Sunan Kalijaga.
3.
Batara Guru
Miturut
andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad
pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe
sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang
Caturwarna.
Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi
Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati
kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta putrane Prabu Matswapati, raja ing
nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga peputra Bathara Malangdewa.
Bathara Narada iku disuyudi dening
sapa wae kang srawung kalawan dheweke. Iku amarga Narada iku watake grapyak
semanak. Narada uga kondhang alim, pinter ing maneka warna ilmu, jujur, atine
resik, pikirane lantip, seneng gegojegan, prigel olah kaprajuritan ananging uga
temen-temen mandhita saengga antuk jejuluk resi. Saliyane iku praupane Narada
uga bagus.
Ing sawijining wektu nalika Narada
mbangun tapa ing sandhuwure banyu samodra, tangane nggegem sawijining cupu aran
Linggamanik. Nalika iku Narada mertapa kanthi pangajab antuk kasekten lan
kawibawan kang luwih.
Patrape Narada iku kaweruhan dening
Sang Hyang Manikmaya kang sabanjure tumeka ing papan mertapane Narada. Sawise
sapatemon, kalorone banjur andon wasis maneka ilmu, ananging Sanghyang
Manikmaya ora bisa ngasorake. Kalorone banjur prang tandhing adu kekuwatan lan
kasekten.
Wusanane Sanghyang Kanekaputra bisa
diasorake dening Manikmaya kanthi sarana aji Kemayam saengga Kanekaputra malih
rupa dadi cendhek awake lan ala praupane Wiwit kedadeyan iku Sang Hyang
Kanekaputra antuk sesebutan Narada. Sabanjure sinengkakake minangka tuwangga
utawa patih ing Suralaya.
Kabeh Dewa lan Dewaputra suyud lan
manut marang Narada karana kalantipan lan kapinterane. Malah Sang Hyang
Manikmaya dhewe tansah antuk pituduh lan pamrayoga saka Narada. Tanpa Narada
ing Suralaya, Ngarcapada bakal tansah kisruh.
Kacihna akeh prekara kanggo ngatur
Tribuwana lan racake uga angel ngudhari maneka prekara iku, Bathara Narada
tansah seneng atine ngadhepi maneka prekara iku lan tansah kasil antuk dalan
kanggo ngrampungi. Narada tansah bisa ngrampungi maneka prekara kanthi
pratitis.
Dening Batara Guru, Narada asring
sinebut ”kakang”. Mula bukane nalika andon wasis maneka rupa ngelmu, Bathara
Guru tansah kalah saengga nuwuhake rasa nesu marang Narada lan banjur nyepatani
Narada.
Ananging karana Narada duwe ngelmu
kang luwih dhuwur, dheweke banjur sinengkakake minangka tuwangga utawa patih
ing Suralaya lan dianggep luwih tuwa. Wiwit iku Sang Hyang Manikmaya utawa
Bathara Guru tansah nyeluk Narada kanthi sesebutan ”Kakang Narada”.
Ing crita liyane, nalika Bathara
Narada sapatemon kalawan Bathara Guru, Narada diece dening Bathara Guru kanthi
ukara yen Bathara Narada iku tangane papat. Nalika mertapa ing sandhuwure banyu
samodra iku, Narada nganggo klambi ananging tangane sing loro ora dilebokake
ing lengene klambi, saengga katon kaya-laya tangane papat. Saka pangecene
Bathara Guru marang Narada iku malah Bathara Guru dhewe kang kena sepata,
saengga tangane dadi papat.
Batara Guru adalah nama lain Siwa.
Selain dikenal dalam kisah wayang,
nama Batara Guru juga dikenal dalam mitologi Batak sebagai dewa yang tinggal di
Banua Ginjang.
Sumber : http://wayang.wordpress.com/2010/03/06/bathara-brahma-nurunake-raja-raja-ing-arcapada/